1. Menapa ancasipun analisis teks pawartos ?
Ancasipun analisis teks berita inggih menika kangge mangertosi isi (suraos) menapa ingkang kaemot ing sale etipun isi dokumen.Ingkang dipunanalisis inggih menika dokumen cetak ugi visual (surat kabar,radio,televisi,grafiti,iklan,film,surat pribadi,buku,kitab suci,lan selebaran).
2.Andharna titikanipun pawartos ingkang sae !
Pawartos ingkang sae gadhah titikan :
- Publisitas,bobot,wos(isi),lan ragam basa ingkang dipunserat kadah saged dipunmangertosi dening masarakat saengga saged nyengkuyung sedaya kalangan masarakat.
- Aktual,Pawartos tansah ngadharaken informasi ingkang paling enggal.
- Objektif,Pawartos kedah ngamot kasunyatan (fakta) ingkang dipunpendhet saking maneka warni sumber kanthi jangkeb.
- Ndudut ati (menarik),prastawa ingkang dipundadosaken pawartos kedah saged dudut manahipun (ati) tiyang ingkang maos pawartos supados purun maos pawartos.
- Aktulitas
- Sesambetan kaliyan papan kedadosan
- Sesambetan kaliyan unsur-unsur kang wonten ing salebeting kedadosan
- Sesambetan kaliyan pakaryanipun pamiyarsa
- Jangkebipun pawartos